5:34 AM

SETYA TUHU DHATENG SABDANIPUN GUSTI

SETYA TUHU DHATENG SABDANIPUN GUSTI
Yesaya 40 : 1 – 8
Oleh: Pendeta Yosafat Ari Wibowo
Pelayanan di Jojog

Gesang wonten ing negri manca, malah minangka tiyang ingkang nembe nampi paukuman (kabucal) ing pengasingan temtunipun mbekta dumatheng gesang ingkang boten mbingahaken/ngremenaken. Ing kawontenan mekaten lajeng tuwuh pitakenan, kapan badhe rampung? Harapan gesang sangsaya udhar, malah saged mbekta gesang kapitadosan sangsaya nglokro, gampil nyalahaken tiyang sanes.

Bangsa Yehuda gesang ing salebeting pembuangan ing negri Babylon punika minangka paukumanipun Gusti Allah, karana bangsa punika nerak karsa lan dhawuhipun Gusti. Paukuman sampun dipun lampahi lan Gusti kepareng badhe paring pangluwaran, pangapunten dhumateng umatipun. Prasetyanipun Gusti Allah kangge umat Yehuda dipun ngendikaken dening nabi Yesaya;
1. Supados bangsa Yehuda wangsul dhateng Gusti Allah ingkang sejatos, sanes dewa-dewa ingkang mujudaken brahala-brahala ingkang mbekta dhateng karisakan.
2. Yehuwah punika Allah ingkang kagungan pangwaos, ingkang kepareng nitahaken langit lan bumi, ingkang kagungan kuwaos ngentas umatipun saking paukuman saking bangsa Babylon.

Kalih prekawis punika saestu mujudaken janjinipun Gusti Allah ingkang dipun jangkepi. Gusti kepareng ngagem bangsa sanes kangge mitulungi lan mbekta umatipun wangsul dhateng negrinipun piyambak, kauwalaken saking pangwaosipun bangsa Babylon. Gusti Allah ngagem bangsa Persia kangge ngawonaken bangsa Babylon lan nguwalaken umatipun saking pamengkunipun Babylon.

Prakawis punika kaprasetyaken ing ayat 6b lan ayat 8; umat manusa iku, kabeh iku kayadene suket lan sakehing kaendahane kaya kembang ing ara-ara. Ayat 8; suket dadi aking, kembang dadi alum, nanging pangandikane Allah tetep salawas-lawase”. Saking pangandika punika ngemu teges;
1. Bilih gesanging manungsa punika ringkih lan tansah ewah malah namung sekedhap, manawi tanpa pangrimatipun Gusti Allah ing gesang, manungsa punika ing salebeting gesang ingkang muspra.
2. Sabdanipun Allah saged mbekta gesangipun para pitados saged kuwawi gesang ing pepadhang, boten ing salebeting semplah, nanging gesang ingkang saestu ngadhahi pengajeng-ajeng, punika wujuding berkah lan pitulunganipun Gusti.
3. Sinaosa kasunyatan suket dadi aking lan kembang alum kados ingkang dipun lampahi umatipun Gusti ingkang ngalami kasangsaran, kaprihatosan lan kangelan ing gesangipun, Gusti paring panglipur: “ nanging pangandikane Gusti Allah tetep salawas-lawase”

Kasangsaran, kaprihatosan lan kesulitan gesang ingkang dipun alami dening bangsa punika saestu minangka piwucal ingkang awis reginipun lan endah jalaran gesanging umat supados tansah nggondheli sabdanipun Allah ingkang gesang.
Gusti Allah kagungan tujuan ingkang suci lan wicaksana ing salebeting kasangsaran, ingkang ndarbeni artos pemurnian gesanging pitados.

Sumangga pangandikanipun Allah ing wanci punika sesarengan kita tampi;
1. Sabdanipun Allah dadosa panglipur pepenget kangge lelampahan gesanging pitados kita minangka putraning Allah.
2. Kita tinimbalan supados kita nilar cara gesang ingkang salah/ing salebeting dosa, saged nampi kasangsaran pinangka kasunyatan ingkang nggadhahi piwucal ingkang sae.
3. Menawi ingkang dipun lampahi para pitados, (umatipun Gusti) badhe tumuju dhateng gesang ing kaunggulan/kemenangan sesarengan kaliyan Gusti, sauger kita tansah celak manut ing sadaya dhawuh-dhawuhipun Gusti.

Mugi Gusti mitulungi lan mberkahi kita ing lelampahing gesang kita tumuju masa depan ingkang mbingahaken. AMIN.

0 comments: